Contoh Sambutan Pidato Penerimaan dari Pihak Pengantin Wanita Islami dalam Bahasa Jawa

- 17 September 2023, 23:39 WIB
Ilustrasi Pernikahan Islami
Ilustrasi Pernikahan Islami /Riski Triono from Pixabay/

Wonten ngrasanipun poro pengantar kemanten,

Ugi wonten ngrasanipun sedoyo poro rawuh ingkang sami kulo hormati.

Sakdereng ipun kawulo ngaturaken nopo ingkang bade kawulo aturaken mangke, langkung rumiyen kawulo muji syukur dateng Gusti Allah taala inggih kanti ucapan Alhamdulillahirobil alamin ingkang sampun paring rohmat ugi nikmat dateng kito sedoyo sehinggo ing saat puniko kito saget pepanggihan wonten puniko majlis kanti kawontenan ingkang aman boten wonten setunggal alangan. Mugi-mugi hal puniko kacatet deneng Gusti Allah dados amal kesaenan kito sedoyo amin ya Robbal alamin.

Baca Juga: Yuk Intip Wisata Susur Sungai di Kotawaringin Barat, Nikmati Sensasi Mengusuri Sungai dengan Pemandangan Indah

Ingkang kaping kalih mugio rohmat ugi salam tansah katetepno dateng junjungan kito Nabi Muhammad ugi poro ahli lan poro sohabat ipun sedoyo. Lan mugi-mugi kito ingkang rawuh ing majlis puniko saget angsal syafaat saking beliau benjang ing dinteng kiamat. Amin ya Robbal alamin.

Poro bapak poro ibu hadirin sekalian.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking shohibul hajjah inggih puniko bapak (...) sekalian, wontening puniko kesempatan kawulo ngaturaken:

Marhaban ahlan wa sahlan bikhudurikum

Sugeng rawuh, sugeng pepanggihan dumateng sedoyo tamu undangan lan sedoyo poro pengantar kemanten saking dusun (...) lan sedoyo poro rawuh ingkang sampun rawuh wonten ing dalem ipun bapak (...) mriki boten sanes kawulo ugi ngaturaken matur suwun atas kerawuhanipun. Mugi-mugi panggenan kacatet dados amal silaturahmi ingkang dipun ridhani Gusti Allah SWT. Amin ya Robbal alamin.

Ingkang selajeng ipun mbok bileh bapak (...) sekalian anggadahi kalepatan soho kekhilafan sami ugi ngingingi anggen ipun caos penghormatan, anggen ipun nyediaaken papan panggenan, utawi anggen ipun caos pasugatan ingkang arupi unjukan lan daharan, utawi kirang sopan, soho kirang berkenan tumrap penggalih panjenengan, kulo suwun kanti kesadaran poro bapak lan poro ibu lan hadirin sekalian kersoho paring kemaafan lahir dan batin.

Halaman:

Editor: Bakri

Sumber: Berbagai Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah