Contoh Sambutan Pidato Penerimaan dari Pihak Pengantin Wanita Islami dalam Bahasa Jawa

- 17 September 2023, 23:39 WIB
Ilustrasi Pernikahan Islami
Ilustrasi Pernikahan Islami /Riski Triono from Pixabay/

Baca Juga: 4 Pesan Orang Tua yang Tidak Harus di Ikuti Dalam Merawat Bayi

Poro bapak ibu lan hadirin sekalian,

Ingkang selajeng ipun merespon utawi nanggapi nopo ingkang sampun dipun dawuhaken bapak kyai ingkang mewakili rombongan kemanten soho wakil saking tiyang sepuh ipun kemanten kakung, bilih kolowau sampun nyampekaken pinten-pinten amanat saking tiyang sepuh ipun kemanten kakung, ing antawis ipun inggih puniko kentun salam ingkang katujuaken dateng besan mriki soho sedoyo poro tamu ingkang rawuh ing majlis puniko. Pramilo kulo wakil ipun bapak (...) kulo jawab kanti ucapan:

Wa'alaikum salam warohmatullahi wabarokatuh

Lan amanat ingkang nomor kalih inggih puniko masrah aken si manten kakung ingkang asmo mas (...) dateng pihak keluargo bapak (...) soho sedoyo warga masyarakat mriki, pramilo kulo wakil ipun bapak (...) kanti bungah ipun manah kanti ngucap”

Bismilah, Alhamdulillah, Tawakaltu Alallah la haula wala kuwata illa billah.

Baca Juga: Bikin Bangga! Apri/Fadia Keluar Sebagai Juara Hong Kong Open 2023 dan Kantongi Hadiah Fantastis!

Anggen ipun pasrah kulo tampi kanti asto kalih, lan kanti marem ipun penggalih, bilih mas (...) sak meniko sampun resmi dados keluargo mriki, boten sanes kulo nyuwun pandongo dateng poror rawuh sedoyo mugi-mugi kulo saget membina soho ndidik lan anggulo wentah ingkang sak sae-sae nipun sesuai kalian syariat agami islam, supados mempelai berdua saget bentuk rumah tangga ingkang barokah, sakinah, mawadah, warohmah, bahagia lahir batin slamet dunyo lan akhirat ipun. amin ya Robbal alamin.

Poro bapak poro ibu hadirin sekalian,

Kolowau inggih dipun sampeaken mbok bilih acara puniko mangke cekap soho sampun paripurno sedoyo poro pengiring (pengantar kemanten) ugi terus nyuwun pamit lan terus kundur dateng dalem ipun piyambak-piyambak, ing mriki kawulo minongko wakil ipun bapak (...), ngaturaken sugeng kundur lan boten saget nyangoni punopo-punopo, boten saget betani punopo-punopo kejawi namung dongaaken mugi-mugi kundur ngantos dumugi dalem ipun piyambak-piyambak tansah dipun paringi aman, lancar, wilujeng, mboten wonten alangan punopo, amin ya Robbal alamin.

Halaman:

Editor: Bakri

Sumber: Berbagai Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah