Contoh Teks Sambutan Pidato Bahasa Jawa Acara Resepsi Khitanan Lengkap dengan Mukadimahnya

- 23 September 2023, 06:29 WIB
Microphone
Microphone /Image by Cornelia Schneider-Frank from Pixabay /

فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ. اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ.

Bacaan latin: Faqod kolallaahu ta'ala fil qur'anil karim. A'udzubillaahi minasy-saithonirrajim. Bismillahirrahmanirrahim.

ثُمَّ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًا ۗوَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ (١٢٣)

Bacaan latin: Tsumma auhainaa ilaika anittabi' millata ibroohiima haniifa, wa maa kana minal musyrikiin. (QS. An Nahl ayat 123).

Baca Juga: Madu Minuman Favorit Nabi Ternyata Memiliki Segudang Manfaat, Yuk Ketahui Apa Saja!

وَفِي الْحَدِيْثِ:  خَمْسٌ مِنْ الْفِطْرَةِ: الِاسْتِحْدَادُ والْخِتَانُ وَقَصُّ الشَّارِبِ وَنَتْفُ الْإِبِطِ وَتَقْلِيمُ الْأَظْفَارِ.

Bacaan latin: Wafil hadits, khomsun minal fithroti al istihdaadu wal khitanu wa qoshus syaaribi wanatful ibithi wataqlimul adzfaari. (HR Muslim)

Kawula nuwun dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Menapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri, ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Katentreman, kabagyan saha karahayon kagunganipun Gusti Ingkang Maha Mirah, mugi tansah lumintu dhumateng panjenengan sadaya, hangluberana dhumateng kawula. Kanthi linambaran pepayung budi rahayu sinartan hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi mugi pinarengna kawula cumanthaka mangrurah pradataning pasamuan, labet kawula badhe minangkani panyuwunipun kadang kula anem adhimas Masruri sarimbit garwa, kinen hangaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya wigatosing gati pahargyan prasaja ing ratri kalenggahan punika.

Baca Juga: Amanat Pembina Upacara: 6 Syarat Menuntut Ilmu, Penting Disampaikan Kepada Siswa Siswi

Halaman:

Editor: Bakri

Sumber: Berbagai Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah