Contoh Teks Sambutan Pidato Bahasa Jawa Acara Resepsi Khitanan Lengkap dengan Mukadimahnya

- 23 September 2023, 06:29 WIB
Microphone
Microphone /Image by Cornelia Schneider-Frank from Pixabay /

Minangka purwakaning atur sinawung raos bombong saha mongkoking manah, adhimas Masruri ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit karawuhan panjenengan sami. Ing saklajengipun mugi sakecakna pinarak ing palenggahan, kanthi mardu-mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan. Wondene menggah wosing gati, gatining sedya wontenipun pahargyan prasaja ing dalu kalenggahan punika, sanadyan sampun kawuningan ing serat sedhahan miwah ing warta ingkang binandhung ing karna, namung dereng lega raosing manah menawi dereng kaaturaken wonten ngarsanipun para tamu ngiras pantes nyuwunaken tambahing puji donga lan pangestu.

Inggih awit saking rahmating Gusti, saha sinurung puji donga saking para sepuh, kadang kula anem adhimas Sarwani sampun kalampahan nindakaken kuwajibanipun tiyang sepuh, ingkang ginandhuhan atmaja kakung sampun ndungkap wahyaning dewasa, mila hanggadhahi kuwajiban netepi dhawuhing agami, ngislamaken/nyupitaken putra kakung ingkang pambayun naminipun Muhammad Rafa. Wondene tumapaking pugut rejang hernowo supit, sampun kelampahan kalawau sonten wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis ing sambekala, awit saking pangayomaning Gusti. Ingkang punika adhimas Sarwani kekalih nyuwun tambahing donga pamuji, mugi-mugi anak kula Muhammad Rafa enggal saras saking panandhang, miwah ical sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare ingkang susila, utama, miwah piguna dhumateng bangsa, murakabi dhumateng sesami.

Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha panjenenganipun para tamu ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman ingkang punika kadang kula anem adhimas Sarwani kekalih, ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.

Baca Juga: Bukit Lambosir Setianegara: Wisata Terindah di Ketinggian 849 Mdpl, Gunung Ciremai Bisa Anda Nikmati dari Sini

Minangka puputing atur, sanadyan pahargyan punika ing tebih saderengipun sampun rinantam, ewa semanten taksih wonten kekiranganipun inggih awit saking rupeg lan cupeting kawontenan ingkang sarwa prasaja, lugas datanpa pepaes, miwah boja krama ingkang boten saged anuju prana, anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, suguh ingkang kirang lawuh, anggen kawula hanampi menggah kerawuhan panjenengan sami, mawantu-wantu panjenenganipun adhimas Sarwani nyenyadhang lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kawula ingkang piniji mangarsa ngabyantara para tamu, hambok bilih wonten kirang subasita, anggen kawula magut wicara, hangrakit basa kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura.

Wallahul muwafiq ila aqwamithariiq

Wassalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Demikianlah contoh teks sambutan pidato bahasa Jawa dalam acara resepsi khitanan atau sunatan anak. ***

Halaman:

Editor: Bakri

Sumber: Berbagai Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah